Senin, 02 Mei 2016

Pahargyan Bojana Kurban Ndhungkap Wulan Maria



 Pahargyan Bojana Kurban 
Ndhungkap Wulan Maria
 Panduan Perayaan Ekaristi Pembukaan Bulan Maria
1 Mei 2016

RITUS PAMBUKA
ARAK-ARAKAN MLEBET / Perarakan Masuk
KIDUNG PAMBUKA (KA 161 Mangga Mangga Sesarengan)  
TANDHA SALIB DAN SALAM PAMBAGYA
CECALA / Pengantar
KEDUWUNG / Tobat
GUSTI NYUWUN KAWELASAN / Tuhan Kasihanilah (KA 173)
I      Gusti Yesus Kristus,
       Gusti dipun utus paring sarasing sukma,
       dhateng ingkang sami keduwung terus ing manah.
I      Gusti rawuh nimbali para tiyang dosa

I        Gusti pinarak ing satengen Dalem Hyang Rama, tuwin jumeneng lantaran kawula
I        Muga Allah kang Mahakuwasa
         karsaa paring palimirma lan pangapuraning dosa sarta nuntun marang urip langgeng
U      Amin

MINULYA / Kemuliaan (KA 183)


SEMBAHYANGAN PAMBUKA / Doa Pembuka   
I      Ayo padha munjuk:
       Gusti sampun dhangan ing panggalih nyawisaken pedaleman ingkang pantes kagem Hyang Roh Suci wonten ing Tyasipun Ibu Kenya Maria. Mugi karana lelabetan tuwin sembahyanganipun kawula keparenga katampi wonten ing padaleman Dalem ingkang mulya. Lantaran Sri Yesus Kristus, Gusti Kawula, ingkang kaliyan Sampeyan Dalem tuwin Hyang Roh Suci, sugeng tuwin mengku keprabon, jumeneng Allah, ing salami-laminipun.
U     Amin.
LITURGI SABDA
WAOSAN I (Sirakh 3:30, 4:1-10)
L.    Pethikan saking Kitab Putra Sirakh :
Geni murub mubal kena disirep ing banyu, tumindak becik gawe pulihing dosa. Ngger, aja nulak wong pekir miskin njaluk rejeki, lan wong sangsara aja ndadak kok kon ngenteni. Wong wis luwe aja isih kok siya-siya, wong ora duwe aja kok gawe pait uripe. Yen atine pait aja kok getak-getak, aja wong butuh njaluk dana, isih ndadak kelara-lara.  Aja  kok  gusah  wong  nyuwung  paring-paring,  abot  dicoba,  aja  kowe
mlengos, yen wong miskin ngingetake. Aja kowe rewa-rewa ora weruh, yen ana wong kesrakat, aja ana wong oleh alasan dienggo nyupatani kowe. Yen wong sangsara nibati supata marang kowe, sing gawe urip bakal ngabulake panuwune. Kowe goleka asihing umat, lan nungkula karo panggedhe. Tilingna kupingmu ngrungokake si miskin, lan yen aruh-aruh, wangsulana sing becik. Wong ditindhes uwalna saka sing nindhes, lan aja wedi nibakake rehing adil. Dadia bapa tumraping si bocah lola, lan kaya guru laki tumraping biyunge.  Makaten Sabda Dalem Gusti
U     Sembah nuwun konjuk ing Gusti
MAZMUR TANGGAPAN
Refr:   Mugi para bangsa sami ngluhurna Gusti
          Mugi sadaya bangsa sami mulyakna Gusti
1.   Mugi Gusti paringa kawelasan tuwin berkah, mugi mriksanana kawula kanthi pasuryan sumringah, amrih wonten ing bumi margi Dalem dipun mangertosana, lan karahayon Dalem dipun akenana.
2.   Mugi para suku bangsa sami suraka suka gambira, jer Gusti sampun mangreh kanthi wicaksana, lan paring tuntunan wonten ing donya.
WAOSAN II  (Roma 12:9-21)
L       Pethikan saking Seratipun Rasul Paulus dhateng umat ing Roma :
       Katresnanmu iku kudu sepi ing samudana. Sing ala edohna, sing becik raketana. Tresnaning sedulur nukulna ati asih, sing siji njunjung ngajeni sijine, taberi ora wedi ing gawe, mawa semangat murub tumanggap ngladeni Gusti, bungah marga ndarbeni pengarep-arep, tahan teguh ing rubeda, wanter ing jroning sembahyang. Kowe padha melua nyangga bot repoting para suci, ngudi ngrahapi yen sedulur teka mertamu. Wong sing nguya-uya kowe berkahana lan aja kok sepatani. Karo sedulur bungah melua bungah, karo sedulur susah melua susah. Ngenggonana rasa padhapadha karo kabeh bae, ora ndadak nganggo angkuh, srawung lumrah karo sedulur cilik, aja kowe ngendelake pintermu dhewe. Aja ana wong ala kok wales ala, nanging ngudia kang amrih becik karo kabeh manungsa. Yen gumantung saka kowe, karo kabeh bae uripa sing rukun. Aja kowe tumindhak males dhewe, kadang kinasih, nanging pasrahna adiling Allah, awit wus tinulis: Kaadilan iku ana ing Aku, Aku sing bakal malesake, mengkono pangandikaning Pangeran. Nanging malah yen mungsihmu luwe wenehana mangan, yen ngelak wenehana ngombe, srana mengkono, sirah kok tumpuki mawa mengangah. Dadi kowe aja nganthi kalah karo piala, nanging piala kalahna nganggo kabecikan.  Makaten Sabda Dalem Gusti
U      Sembah nuwun konjuk ing Gusti
KIDUNG ALLELUYA 
Reff : Alleluya, Alleluya, Alleluya, Alleluya, Alleluya, Alleluya.
Sabda Dalem Gusti,”Sing sapa tresna marang Aku mesthi netepi dhawuh-Ku, lan bakal ditresnani dening Rama-Ku, sarta bakal Kita rawuhi lan Kita dalemi”.
INJIL SUCI (Yoh 2:1-12)
I        Pethikan Injil Suci anggitane Santo Yoanes
U      Linuhurna Gusti
Ing dina kateluné ana pésta mantu ing Kana, wilayah Galiléa, sarta ibuné Yésus ana ing kono. Yésus dalah para sakabaté uga diulemi mrono. Bareng padha kekurangan anggur, ibuné Yésus nuli ngandika marang Panjenengané, "Padha kentèkan anggur."
Pangandikané Yésus, "Ibu, panjenengan ngersakaken punapa dhateng Kula? Dèrèng dumugi wekdal Kula." Nanging ibuné Yésus banjur dhawuh marang para peladèn, "Apa sadhawuhé marang kowé padha lakonana." Ing kono ana genthong watu wadhah banyu enem, sadhiyan kanggo sesuci manut adaté wong Yahudi, isiné saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing. Yésus nuli dhawuh marang para peladèn mau, "Genthongé pada kebakana banyu!" Tumuli diisèni nganti kebak.
Yésus banjur ngandika, "Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawé!" Banjur padha ngaturaké. Pitayaning gawé iku bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau -- lan ora mangerti saka ngendi pinangkané, awit kang mangerti mung para peladèn kang padha nyidhuki banyuné -- nuli ngaturi pangantèn lanang, sarta matur, "Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang saé rumiyin, lan sasampunipun para tamu ngunjukipun kathah lajeng nyegahaken ingkang kirang saé. Nanging panjenengan kok nyimpen anggur ingkang saé ngantos sapunika."
Prakara iku mau katindakaké Yésus ing Kana wilayah Galiléa, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat lan sarana mangkono Panjenengané wus mbabaraké kaluhurané. Para sakabaté nuli padha pracaya marang Panjenengané. Sawusé mangkono Yésus banjur tindak menyang Kapèrnaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhèrèké tuwin para sakabaté, lan ana ing kono mung padha kèndel sawatara dina baé.
I      Rahayu wong kang uripe salaras karo Sabda Dalem, lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem.
U     Sabda Dalem iku dalan, kasuyatan lan urip          
HOMILI
SYAHADAT / Aku Percaya
Kawula pitados ing Allah,
Rama Sang Mahakuwasa,
ingkang nitahaken bumi langit.
Saha ing Gusti Yesus Kristus,
Putra Dalem ontang-anting, Pangeran kawula.
Ingkang kagarba dening kuwasaning Hyang Roh Suci,
miyos saking Ibu Kenya Maria,
Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus,
saha kapenthang, seda sarta kasarekaken.
Tedhak dhateng papan pangentosan,
tigang dintenipun wungu saking seda.
Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah,
Rama Sang Mahakuwasa.
Saking ngriku badhe rawuh
ngadili para tiyang gesang utawi pejah.
Kawula pitados ing Hyang Roh Suci.
Pasamuwan Katulik ingkang suci,
Lan panunggiling para Suci.
Pangapuntening dosa.
Tangining badan.
Saha gesang langgeng. Amin.
SEMBAHYANGAN UMAT / Doa Umat
I      Gusti Allah ingkang mahasae lan mahamirah, kanti tuladha ibu Maria ingkang tansah setya, angampingi sugeng Dalem Gusti Yesus Kristus, wiwit saking guwa garba ngantos dumugi sedo. Mugi Allah Rama ingkang mahasae, karsaa migatosaken aturipun umat Dalem punika ingkang kanthi andap asoring manah munjuk ingarsa Dalem.
L     Gusti Allah, Rama mahaasih, mugi tansah ngrentahaken Roh Dalem dhumateng Bapa Suci, para Uskup, para imam tuwin rohaniwan, supados tansah tatag anggenipun nggulawenthah umat Dalem. Kawula nyuwun …
U     Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
L     Gusti, mugi kanthi tuladhanipun ibu Maria, kersoa angampingi para pangarsaning negari, saengga saget nindakaken pakaryanipun kanti adil lan wicaksana. Kawula nyuwun …
U     Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
L     Gusti, mugi Hyang Roh Suci kersoa nuntun lan ngiyataken manahipun umat Dalem, margi tansah dipun amping-ampingi ibu Maria dados sarem lan pepadhanging jagad. Kawula nyuwun …
U     Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.

L     Gusti, mugi para brayat anuladha ibu Maria ingkang tansah setyo ngampingi sugeng Dalem Gusti, awit kasetyan nggulawentah kulowargo ing tengahing brayat kanti gambira. Kawula nyuwun …
U     Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
L     Gusti, mugi umat ingkang kempal wonten ing papan punika tansah sinantosakaken dening dayaning berkah Dalem, saenggo tansah tatag anggenipun nglajengaken pakaryan Dalem ndherek andil wonten ing madyaning masyarakat.
       Kawula nyuwun …
U     Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
I      Gusti Allah, Ramanipun umat manungsa, Gusti ngarsakaken kawula sami gesang rukun manunggil. Pramila Gusti ngutus Putra Dalem. Keparenga kratoning katentreman tuwin katresnan Dalem tedhak saha mekar ngrembaka wonten ing masyarakat kawula. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U     Amin. 
LITURGI EKARISTI
A. CECAWIS PISUNGSUNG / PERSIAPAN PERSEMBAHAN

KIDUNG PISUNGSUNG / Lagu Persiapan Persembahan  (KA 162)
NGUNJUKAKE UBARAMPE PISUNGSUNG
I      Pada nyenyuwuna, para sadulur, amrih caosan iki pantes tinampia dening Allah Rama kang Mahakuwasa   
       Berdoalah, Saudara-saudari, supaya persembahanku dan persembahanmu berkenan pada Allah, Bapa yang mahakuasa.
U     Mugi caosan lantaran astanipun rama imam katampia ing Gusti, amrih luhur tuwin mulyaning Asma Dalem, amrih migunanana ugi tumrap kawula sadaya, saha Pasamuwan Dalem ing saindenging buwana
      
SEMBAHYANGAN PISUNGSUNG / Doa Persiapan Persembahan 
       Gusti, mugi wontena dhanganing panggalih mriksani sembahyangan tuwin caosan, ingkang kawula unjukaken ingarsa Dalem, saha mugi karsaa nampi punapa malih paring pitulungan krana sih kawelasan Dalem.
         Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, ingkang gesang tuwin mengku kaprabon ing salami-laminipun
U      Amin.

B. SEMBAHYANGAN PUJI PANUWUN AGUNG
(DOA SYUKUR AGUNG)
DIALOG PAMBUKA PREFASI
PREFASI PASKAH
SUCI-SUCI / Kudus  (KA 218)


SEMBAHYANGAN EKARISTI
ANAMNESIS
C. KOMUNI
RAMA KAWULA / Bapa kami  (KA 141)
U

NYUWUN TENTREM
SALAM KETENTREMAN (Doa Damai) 
I        Katentreman Dalem tansah manunggala
U      Kaliyan kula sadaya

CEMPENING ALLAH / Anak Domba Allah  (KA 228) 

SEMBAHYANGAN NGAREPAKE KOMUNI / Persiapan Komuni  
PANGAJAK NAMPA KOMUNI / Ajakan menyambut Komuni
I        Yaiki Cempening Allah ingkang mbirat dosaning jagad. Rahayu kang tinimbalan ndherek bojana Dalem
         Inilah Anak Domba Allah, yang menghapus dosa dunia. Berbahagialah kita yang diundang ke perjamuan-Nya
U      Gusti, estunipun kawula boten pantes dipun rawuhi. Namung kawula aturi ngandika, sukma kawulo temtu badhe saras
         Ya Tuhan, saya tidak pantas, Engkau datang kepada saya, tetapi bersabdalah saja, maka saya akan sembuh.
KOMUNI - KIDUNG KOMUNI (KA 432, 433, 434)
WEKTU SUCI / Saat Hening  
SEMBAHYANGAN BAKDA KOMUNI / Doa Sesudah Komuni  
I        Ayo padha munjuk:
         Gusti, kawula sampun kepareng ndherek ing pakarya panebusan langgeng. Panyuwun kawula, mugi kawula kapenuhana ing sih Dalem, supados saged ngraosaken kawilujengan peparing Dalem. Lantaran Sri Yesus Kristus, Gusti kawula.
U      Amin. 

RITUS PANUTUP
WARA-WARA / Pengumuman
AMANAT PANGUTUSAN
BERKAH
PANGUTUSAN
KIDUNG PANUTUP   (KA 419)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar